Kacang mangsa ninggala lanjaran, Dwija saha siswa SMA Negeri 2 Playen ndherek nyengkuyung Festival Pedhalangan Gunungkidul

Festival Pedhalangan Kabupaten Gunungkidul dipunadani dening Dinas Kebudayaan bidang Pelestarian Nilai Budaya sesarengan kalihan PEPADI Gunungkidul. Adicara menika nggadhahi ancas kangge nguri-uri kabudayan Jawa ugi badhe nedahaken bilih Gunungkidul ugi gadhah dhalang ingkang cacahipun mboten sekedhik. Pasarta festival menika dumados saking 18 kecamatan ugi kairing kanthi grup karawitan ing saben kecamatan.

18 kecamatan ing Kabupaten Gunungkidul ngirim 2 wakilipun, 1 dhalang kategori anak saha 1 dhalang kategori diwasa. Grup karawitanipun ugi jangkep 20 pengrawit saha 4 sindhen. Lakon ingkang badhe dipunbabar menika bebas, mardika wondene ingkang dados pambiji inggih menika catur, gendhing, lakon, lan suluk. Festival menika dipunadani ing tanggal 23 dumugi 25 September 2019 wonten ing alun-alun Pemda Gunungkidul. Rerangkening festival menika 1 minggu saderengipun ugi dipunwontenaken workshop ugi technical meeting.

2 paraga ingkang sampun kondhang minangka dhalang ing kabupaten Gunungkidul, inggih kulawarga SMA Negeri 2 Playen ugi ndherek ngregengaken adicara menika. Bapak Rendy Hendrajaya Suryono, S.Pd. minangka dwija basa Jawa ngayahi jejibahan minangka pengendhang saking grup kecamatan Karangmojo. Wondene salah satunggaling siswa saking kelas XII IPS 3, inggih menika Erlangga Betrant Pashandaru ndherek minangka pasarta dhalang diwasa wakil saking kecamatan Playen.

Erlangga Betrant Pashandaru ingkang kajatah mbabar lakon ing tanggal 25 September 2019 nampilaken sedaya kaprigelan anggenipun ndhalang. Kanthi lakon Kumbayana-Sucitra kasil mboyong piala juara 1 kategori dhalang diwasa lan pikantuk uang pembinaan gangsal yuta rupiah.

Tinggalkan Balasan